Cerkak Dhik Mi: Mepe Kasur

Cerkak Dhik Mi Mepe Kasur

Dhik Mi tetep mepe kasur kamangka langit ketok mendhung kandel banget. Kasur sing diduweni kawit aku rabi karo Dhik Mi. Kasur kapuk randhu sing tuku ning toko lor desa.

“Yen mengko udan piye, Dhik?”

“Ha ya kari dientas..”

“Ha nek bacut teles?”

“Ha kari di-hair dryer..”

“Ha nek dadi boros setrum? Tagihan listrik dadi mundhak?”

“Ha nek jebul listrike disubsidi pemrentah?”

Aku dadi meneng. Dhik Mi katon biasa wae pasuryane.

“Ha nek jebul subsidine ora diperpanjang?”

Alise Dhik Mi njengat. Cetha aku wis apal ulate saben dinane. Dumadakan Dhik Mi cincing dhastere, banjur ndhodhok ning ngarepku, banjur kathok sportku diplotrokke. Cetha aku kaget banget, banjur njondhil. Rekaku mundur, nanging kebacut kathokku mlotrok ning pupu. Dadine aku kesrimpet, banjur nggeblag memburi. Bejane wae aku tiba ning kasur sing bar wae dipepe.

Dhik Mi ngguyu cekakakan, nganti kemekelen. Aku dadi bingung kok nganti semonone gojege Dhik Mi.

“Mulane ta, Mas.. Dadi menungsa kuwi ra perlu kakehan takon yen sidane mung bakal kegeblag merga pokale njenengan dhewe..”

“Ha ngapa ndandak mlotrokke kathokku barang ta, Dhik?”

“Ha ngapa njenengan ora tansah siap mlotrok kathoke yen ning cedhakku?”

“Ha iki rak ya ning latar ta, Dhik? Isin lah yen tangga weruh..”

Dhik Mi banjur ngadeg, ngranggeh tanganku.

“Ha piye yen dadekke ning njero kamar wae, Mas?”

Meneh, aku meneng.

“Ha yuk, Dhik..”

Digandheng tanganku karo Dhik Mi, njeron kathokku banjur krasa kaya kebak montor-montor cilik akeh banget tur dha oyak-oyakan. Nembe wae tekan nutup lawang dumadakan krungu suara udan deres lan kasur klebes.