Bausastra Jawa

Kamus Bahasa Jawa versi online

Kata dasar

Keterangan


✔ Bab Kamus Bahasa Jawa


Bausastra Jawa yang juga berarti Kamus Bahasa Jawa dihimpun oleh W.J.S. Poerwadarminta yang dibantu oleh C.S. Hardjasoedarma, J. CHR. Poejasoedira. Dicetak di penerbit J.B. Wolters' Uitgevers Maatchappij N. V. Groningen, Batavia, 1939.(Bausastra Jawa inggih punika Kamus Bahasa Jawa ingkang kaimpun dening W.J.S. Poerwadarminta kabantu C.S. Hardjasoedarma, J. CHR. Poejasoedira. Kaecap ing pangecapan J.B. Wolters' Uitgevers Maatchappij N. V. Groningen, Batavia, 1939.)


✔ Sorogan Bausastra Jawa


  • (A): Arab
  • lsp: lan sapanunggalane
  • ak: arang kanggone
  • (M): Mlayu/Melayu
  • ar: araning
  • n: ngoko
  • bngs: bangsaning
  • up: upama
  • br: basa rinengga
  • ut: utawa
  • jk: Jawa-Kuna
  • pr: paribasan (bebasan, saloka)
  • engg: enggon-enggonan
  • (Prs): Persia
  • ent: entar
  • (Prt): Portugis
  • k: krama
  • pc: pacelathon
  • kb: kosok-baline
  • (S): Sanskerta
  • ki: krama inggil
  • saem: saemper karo
  • kyt: kayata
  • (C): Cina
  • kn: krama ngoko
  • cs: candra sengkala
  • ks: kasar
  • tmr: (luwih-luwih) tumrap ing
  • kc: kacocogna karo
  • (W): Wlanda
  • kw: kawi
  • ws: wangsalan
  • lmr: lumrahe
  • wc: wancahan

✔ Keterangan golongan kata menurut jenisnya


1. ah (arang kanggone) punika mratelakakên bilih têmbung wau sampun pêjah (botên njaman) utawi sampun awis sangêt kêsrambah wontên ing pasrawungan jaman samangke, kêjawi wontên kalangan kasêpuhan.


2. br (basa rinêngga) punika salugunipun namung têmbung limrah, nanging margi kaewahan swaranipun utawi rêrimbaganipun utawi traping panganggenipun lajêng namung dados têmbung pacakan wontên ing karangan-karangan, botên limrah kangge wontên ing paginêman utawi sêrat-sêrat limrah.


3. jk (Jawa-Kuna) inggih punika têmbung-têmbung Jawi ingkang pinanggih wontên ing sêrat-sêrat kina. Rèhne têmbung jk. punika ingkang limrah lajêng dados têmbung kawi utawi kw. ak (kawi arang kanggone), mila katêrangan jk.-wau namung katumrapakên ing têmbung-têmbung sawatawis ingkang limrahipun botên kalêbêt ing jinis têmbung kawi.


4. êngg (ênggon-ênggonan) inggih punika têmbung-têmbung ingkang botên mratah utawi ingkang botên kalêbêt ing gêgêbênganing basa Jawi ingkang kangge wêwaton (basa Surakarta), dados kanggenipun namung wontên ing salah satunggaling panggènan kemawon.


5. kw (kawi) inggih punika têmbung-têmbung ingkang kangge wontên ing babaraning kapujanggan Jawi (sêrat-sêrat, sêkar, padhalangan lsp), botên nate kangge wontên ing basa padintênan. Dene ingkang dipun cirèni kw. ak. punika têmbung kawi ingkang sampun awis kangge wontên ing karangan kapujanggan jaman samangke pinanggihipun namung wontên ing sêrat-sêrat ingkang sêpuh-sêpuh.


6. pc (pacêlathon) inggih punika têmbung-têmbung ingkang limrahipun namung kangge wontên ing paginêman, yèn kangge wontên ing sêrartan inggih ing karangan ingkang basanipun kados basa paginêman. Têmbung pc. punika kathah ugi ingkang wujud têmbung wancahan (wc), sêmbranan lsp. Sarta kathah ingkang gêsangipun namung mangsan. Liripun namung sawatawis taun lajêng ical tanpa lari. Têmbung-têmbung ingkang kacirènan ks. (kasar) punika limrahipun ugi namung ing paginêman.


7. wc (wancahan) inggih punika têmbung cêkakan utawi cêngkiwingan punika ingkang kathah kalêbêt ing jinis pc.


✔ Keterangan golongan kata menurut unggah-ungguhnya


Inggih punika: k. (krama), ki. (krama-inggil), kn. (krama-ngoko), n.(ngoko), prakawis punika kados botên pêrlu kula aturakên silah-silahipun.


✔ Tetenger/Keterangan Tanda


Tandha □ minangka gegantosanipun tembung baku, inggih punika tembung lingga utawi andhahan ingkang dados pokok katrangan tegesipun, tuladha: tembung bakunipun (gayuh), andhahanipun: ng-□, di-□, ng-□-□, □-an, punika wetahipun nggayuh, digayuh, nggayuh-gayuh, gayuhan.